Basa Èslan - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
This Artikel
iki kaca
lola
, amarga ora ana artikel liya
sing nggayut kaca iki
. Mangga
wènèhi pranala
nyang kaca iki lumantar
artikel-artikel magepokan
Oktober 2016
Basa Èslan
íslenska
Pronunciation
['i:s(t)lɛnska
Dituturaké ing
Èslan
Gunggung panutur
330.000
Rumpun basa
bahasa manusia
(id)
Basa Indo-Eropah
Jermanik
(id)
Jermanik Utara
(id)
Scandinavian languages
(en)
Skandinavia Barat
(id)
Basa Èslan
Sistem tulisan
Latin
Alfabèt Èslan
Braille Èslan
Status resmi
Basa resmi ing
Èslan
Regulated by
Badan Árni Magnússon tumrap Kajian Èslan
minangka panaséhat
Kodhe basa
ISO 639-1
is
ISO 639-2
ice (B)
Cithakan:Infobox Language/terminological
ISO 639-3
isl
Jagat panyatur basa Èslan:
laladan basa Èslan minangka basa mayoritas
laladan basa Èslan minangka basa minoritas tur wigati
Basa Èslan
íslenska
pitulung
info
) iku basa Jermanik Lor lan basa ing nagara
Èslan
. Basa iki kalebu kulawarga basa
Indo-Éropah
ing cawang Jermanik Lor utawa Nordhik sajeroning kulawarga basa Jermanik. Duk nguni, basa iki dadi basa Indo-Éropah paling kulon sadurungé ana kolonisasi Amérika. Basa Èslan, Faru, Noren, lan
Nurwègen
Kulon nunggal kulawarga basa
Nordhik Kulon;
dalah
basa Dhénemarken
, Nurwègen Wétan, lan Swédhen nunggal kulawarga basa
Nordhik Wétan
. Basa Nurwègen Anyar Bokmål kaprabawani rong golongan iku, kang nuli njalari kulawarga basa Nordhik kapérang dadi golongan basa Skandhinavia dharatan lan golongan basa
Nordhik Kapuloan
(kalebu basa Èslan).
Pérangan gedhé basa-basa Éropah Kulon wis akèh sudané ing tataran inflèksi, mligi babagan dhéklinasi tembung aran. Nanging sawaliké, basa Èslan isih memetri paramasastra sintètik patang kasus kang mandi, nanging adoh luwih konservatif lan sintètik tinimbang, basa Jerman. Awit basa Èslan ana ing kulawarga Jermanik, kang sakabèhé wis suda ing babagan sistem kasus Indo-Éropah, ala duluné yèn nyandhingaké paramasastra Èslan karo tunggal-tunggalé saka kulawarga basa Baltik lan Slavik kang luwih konservatif sajeroning kulawarga basa Indo-Éropah, isih memetri kasus nganti cacah enem utawa punjul. Basa Èslan kaciri saka warna-warna dhéklinasi nirajeg. Basa Èslan uga ngemu akèh conto kasus mèncèng tanpa tembung pangatur, kaya déné
basa Latin
. Contoné, akèh saka pirang-pirang
kasus ablatif
Latin kang sapasang karo
kasus datif
Èslan. Konservatisme basa Èslan lan isomorfisme dhengketé karo basa Norse Kuna (kang diistilahaké basa Èslan Kuna déning para linguis) ateges wong Èslan saiki isih gampang maca
Eddas,
saga
, lan karya sastra Norse Kuna liyané kang dianggit nalika abad ping sepuluh tekan telulas.
Mayoritas panyatur basa Èslan, watara wong 320.000, urip ing nagara Èslan. Punjul wong 8.000 panyatur basa Èslan manggon ing Dhénemarken,
kang udakara 3.000 ing antarané mono minangka siswa utawa mahasiswa.
Basa iki uga dicaturaké déning udakara wong 5.000 ing Amérikah Sarékat
lan punjul wong 1.400 ing Kanadha.
Cacah jiwa panyatur basa Èslan gedhé dhéwé kang urip ing jaban rangkah Èslan ya iku ana ing Manitoba, mligi Gimli (
Gimli
iku tembung Norse Kuna ateges 'swarga').
Masiya 97% cacah jiwané ngakoni yèn basa Èslan minangka basa ibuné,
basa iki mendha panganggoné ing sawenèh bebrayan ing jaban rangkah, mligi ing Kanadha. Panyatur basa Èslan sajabaning nagara Èslan katon gedhé angka èmigrasiné ing samubarang kajaba ing Gimli, kang wis didunungi kawit 1880-an tekan sapréné.
Badan Árni Magnússon tumrap Kajian Èslan minangka sasana kanggo ngupakara babon-babon Èslan tengahan lan nyinaoni basa lan sastrané. Paheman Basa Èslan, kang dumadi wakil-wakil universitèt, seniwan, jurnalis, guru, lan Kamantrian Budaya, Kawruh, lan Wiyata, wènèh wewenang ngenani naya basa. Kawit 1995, saben 16 Novèmber, tanggal lairé pujangga abad ping 19 Jónas Hallgrímsson iku dibiwada minangka Dina Basa Èslan.
Sajarah
besut
besut sumber
A page from the
Landnámabók
Tulisan abasa Èslan paling lawas kang kasil kaupakara ditulis watara taun 1100 AD. Akèh-akèhé tulisan iku dhedhasar kidung lan kukum kang adaté diuri-uri kanthi lésan. Tulisan kang paling kaloka, kang ditulis ing laladan
Èslan
kawit abad ping 12, ya iku
saga-saga Èslan
. Tulisan-tulisan iku nglimputi karya-karya sujarah lan
kidung Édda
Basa kang dianggo ing saga iku
basa Èslan Kuna
, minangka dhialèk kulonan saka basa
Norse Kuna
. Nalika Èslan kabawah papréntahan Dhénemarken saka taun 1380 tekan 1918, basa Èslan sithik owahé lan panggah dadi basa padinan wargané. Sanajan isih luwih arkais tinimbang basa Jermanik liyané, owahing basa Èslan kaciri ing cara pangucap saka abad ping 12 tekan ping 16, mligi ing babagan wuni swara (mirunggan
au
, lan
y/ý
).
Alfabèt Èslan
modhèren tumuwuh saka bebaku kang dipikukuh nalika abad ping 19, mligi déning linguis Dhénemarken
Rasmus Rask
. Bebaku iku banget dhedhasar
ortografi
ing wiwitan abad ping 12 kang kapacak ing babon nyalawadi aran
Paramasastra Wiwitan
anggitané wong anonim, kang nuli dijuluki Juru Paramasastra Wiwitan. Bebaku kang disusun Rasmus Rask mono gawéan ulang saka paramasastra kuna ika dikanthèni sawenèh owahan saperlu minangkani samaya
Jermanik
kang ana, kaya ta panganggoné
kang èksklusif timbangané
c.
Manéka fitur arkais, kaya déné huruf
, durung dianggo nganti tumekané abad-abad kèri iki. Bebaku Rask mono ndhasari owahan gedhé ing praktèké. Owahan kang tembé dumadi nalika abad ping 20 contoné panganggoné
lowung
je
lan pambusaké
saka alfabèt Èslan ing 1973.
Sajabané panambahing kosa anyar, basa Èslan tulis ora akèh owahé kawit abad ping 11, ya iku nalika tulisan-tulisan wiwitan ginurit ing vèlum.
Panyatur ing wektu iki bisa mangertèni
saga
lan
Édda
asli kang tinulis watara wolung atus taun kapungkur. Saga-saga iku racaké diwaca mawa éjaan anyar lan cathetan sikil nanging saliyané iku wutuh (saèmper pamacaning
Shakespeare
sarana basa Inggris anyar). Akèh wong Èslan ora patia kangèlan saperlu mangertèni babon-babon asli iku.
Status ukum lan pangaku
besut
besut sumber
Miturut undhang-undhang (61/2011) kang disahaké parlemèn nalika 2011, basa Èslan iku "basa resmi ing Èslan".
Èslan iku anggota
Paheman Nordhik
, minangka forum tembayatan antara nagara-nagara Nordhik. Paheman iku mung nganggo basa Dhénemarken, Nurwègen, lan Swédhen minangka basa karya (masiya Paheman iku mbabar materi ing basa Èslan).
10
Lumantar
Samaya Basa Nordhik
, kawit taun 1987 warga Èslan duwé hak saperlu nganggo basa Èslan nalika sesambungan karo bebadan resmi ing nagara-nagara Nordhik liya, tanpa kena béya alih basa utawa pertalan. Samaya iki nyakup kanggo urusan griya sakit, sasana pakaryan, kantor pulisi lan kasantosan sosial.
11
12
Nanging, paugeran iki ora tumama amarga basa Èslan ora cukup dingertèni wong akèh lan akèh wong Èslan dhéwé, kang ora lanyah ing basa-basa Skandhinavia liya, cukup ngerti basa Inggris nedya sesambungan karo bebadan sarana basa iku (masiya ana bukti yèn kabisan basa Inggris umum wong Èslan iku rada diluwih-luwihaké).
13
Ing kaanan mangkono, wong Èslan milih nganggo basa Inggris. Nagara-nagara Nordhik ngandhemi nedya nyadhiya ladi ing manéka basa marang kabèh warga saben nagarané, nanging iki ora ateges kabèh hak basa diwènèhaké, kajaba prakara pidana lan pangadilan.
14
15
Pratélan tetembungan
besut
besut sumber
Tegesing tembung-tembung
Ana ing ngisor iki tembung-tembung Jawa kang dianggo ing artikel iki, dikanthèni jarwané ing basa Inggris.
ala duluné
-inappropriate
alih basa-
interpretation
babon
-manuscript
badan
-institute
basa karya-
working language
bebadan-
institution
bebrayan
-community
béya-
cost
cawang
-branch
dianggit
-to be created
dibiwada
-to be celebrated
didunungi
-to be settled
duk nguni
-historically
dumadi
-to consist of
Faru
-Faroese
isomorfisme dhengket
-near-isomorphism
jaban rangkah
-outside (of a country)
kabisan-
skill
kaciri
-to be distinguished
kamantrian
-ministry
kaprabawani
-to be influenced
kasantosan-
security
kasus mèncèng
-oblique case
kawruh
-science
kulawarga basa
-language family
ladi-
service
lanyah-
proficient
mandi
-comparable to
mbabar-
to publish
memetri
-to retain
mendha
-to decline
naya
-policy
ngandhemi-
to commit
ngupakara
-to preserve
nyinaoni
-to study
nirajeg
-irregular
Noren
-Norn
paheman
-council
panganggo
-use, usage
panyatur
-speaker
paramasastra
-grammar
pertalan-
translation
pujangga
-poet
samaya-
convention
sasana pakaryan-
job center
sesambungan-
to communicate, interact
tembayatan-
cooperation
tembung aran
-noun
tembung pangatur
-governing word
tengahan
-medieval
tumama-
effective
udakara
-some, around
watara
-about, around
wiyata
-education
Rujukan
besut
besut sumber
Statbank Danish statistics
"Official Iceland website"
. Diarsip saka
sing asli
ing 2007-09-28
. Dibukak ing
2016-09-17
"MLA Language Map Data Center: Icelandic"
Modern Language Association
. n.d
. Dibukak ing
2010-04-17
Based on
2000 US census data
"Canadian census 2011"
. Diarsip saka
sing asli
ing 2017-10-11
. Dibukak ing
2016-09-17
"Icelandic: At Once Ancient And Modern"
(PDF)
. Icelandic Ministry of Education, Science and Culture. 2001. Diarsip saka
sing asli
(PDF)
ing 2007-06-15
. Dibukak ing
2007-04-27
"Menntamálaráðuneyti"
. Dibukak ing
2007-04-27
"Auglýsing um afnám Z"
. Brunnur.stjr.is. 2000-04-03. Diarsip saka
sing asli
ing 2012-10-29
. Dibukak ing
2010-06-17
Sanders, Ruth (2010).
German: Biography of a Language
. Oxford University Press. kc.
209.
Overall, written Icelandic has changed little since the eleventh century Icelandic sagas, or historical epics; only the addition of significant numbers of vocabulary items in modhèren times makes it likely that a saga author would have difficulty understanding the news in today's [Icelandic newspapers].
"Act
No 61/2011
on the status of the Icelandic language and Icelandic sign language"
(PDF)
. Ministry of Education, Science and Culture. kc.
1. Diarsip saka
sing asli
(PDF)
ing 11 October 2017
. Dibukak ing
15 November
2013
Artikel 1; Basa nasional – basa resmi; Basa Èslan iku basa nasional wong Èslan lan basa resmi ing Èslan.
"Norden"
. Dibukak ing
2007-04-27
"Nordic Language Convention"
. Diarsip saka
sing asli
ing 2007-06-29
. Dibukak ing
2007-04-27
"Nordic Language Convention"
. Dibukak ing
2007-04-27
Robert Berman.
"The English Cognitive Academic Language Proficiency of Icelandic students, and how to improve it"
. Diarsip saka
sing asli
ing 2016-03-04
. Dibukak ing
2016-09-25
English is often described as being almost a “second language” in Iceland, as opposed to a “foreign language” like German or Chinese. Certainly in terms of Icelandic students’ Basic Interpersonal Communication Skills (BICS), English does indeed seem to be a second language. However, in terms of many Icelandic students’ Cognitive Academic Language Proficiency (CALP)—the language skills required for success in school—evidence will be presented suggesting that there may be a large number of students who have substantial trouble utilizing these skills.
Language Convention not working properly
Nordic news
, March 3, 2007. Retrieved on April 25, 2007.
Helge Niska,
"Community interpreting in Sweden: A short presentation"
International Federation of Translators
, 2004. Retrieved on April 25, 2007.
Dijupuk saka "
Kategori
Artikel lola from Oktober 2016
Articles with invalid date parameter in template
Halaman dengan label Wikidata belum diterjemahkan
Infobox mapframe without OSM relation ID on Wikidata
Kulawarga basa Jermanika Lor
Halaman yang menggunakan ekstensi Kartographer
Kategori ndhelik:
Kabèh artikel lola
Artikel mawa mikroformat hAudio
Basa Èslan
Tambah rembug