Tok Pisin - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tok Pisin
Dituturaké ing
Papua Nugini
Gunggung panutur
120
Rumpun basa
bahasa manusia
(id)
bahasa alami
(id)
contact language
(en)
pijin atau kreol
(id)
bahasa kreol
(id)
bahasa kreol berbasis bahasa Inggris
(id)
Tok Pisin
Sistem tulisan
Aksara Latin
Aksara Tok Pisin
Braille Pijin
Status resmi
Basa resmi ing
Papua Nugini
Regulated by
No official regulation
Kodhe basa
ISO 639-1
None
ISO 639-2
tpi
ISO 639-3
tpi
Tok Pisin
Tok Pisin
[ˌtokpiˈsin]
) iku salah sawijining basa kréol kang ana ing
Papua Nugini
. Basa iki basa resmi ing Papua Nugini lan basa kang dipituturaké ing saindenging nagara iku. Sanajan ta mangkono, ing sawatara tlatah:
Western
Gulf
Central
Oro
, lan
Teluk Milne
, tuturané basa iki isih anyar lan ora umum mligi kanggo para wong tuwa. Tok Pisin dadi basa kang madeg ijen sanajan kawitané mligi minangka basa kanggo dol-tinuku, utawa diarani pijin. Déning panyatur basa Inggris, basa iki diarani
New Guinea Pidgin
(Pijin Nugini) utawa
Pidgin English
(Basa Inggris Pijin).
Ing Papua Nugini, ana kira-kira antara lima nganti enem yuta wong nganggo basa Tok Pisin ing sawatara tataran, sanajan ora kabéh bisa ngomong basa iki ing cara kang apik.Akèh kang nyinaoni basa iki dadi basa ibu, mligi bocah-bocah kang wong tuwané utawa embahé nganggo basa bédha-bédha. Saliyané iku dipituturaké ing tlatah kutha, pulisi lan bala uga nganggo basa Tok Pisin kanggo talimarga dina-dina, sanajan ora nganti lancar (
tok ples
), utawa nyinaoni basa liyané, sakbaré Tok Pisin (lan manawa
Inggris
). Ana manawa sakyuta wong kang nganggo basa Tok Pisin dadi basa mligi saiki.
Jeneng Tok Pisin
besut
besut sumber
A 1971 reference book on Tok Pisin (then called
Melanesian Pidgin
).
Tok
asalé saka tembung Basa Inggris "talk", nanging uga duwé pangetrap kang amba, uga njarwakaké "aba", "sesorah", or "basa". Sawetara
Pisin
asalé saka basa Inggris ya iku
pidgin
; ukara iki pungkasané ngetrap saka arti
dedagangan
, kang wujud lumrah ing sesambungan antar bangsa.
‘’Tok Pisin’’ uga mau minangka ‘’’Pijin Gini Anyar’’’(New Guinea Pidgin)
ing Basa Inggris. Kanggo warga Papua Nugini panyatur Basa Inggris, Tok Pisin mung diarani “Pijin” waé.
. Nanging para ahli basa luwih seneng nganggo ukara ‘’’Tok Pisin’’’ amarga nganggep basa iki adeg-adeg dhéwé lan ora namung ‘’
lingua franca
’’ kang dianggo sesambungan warga kang bédha basané. Iku amarga basa iki uga wis dadi basa ibuné akèh wong.
Gegebengan
besut
besut sumber
Basa Tok Pisin iku asil saka amoran déning rena-rena wong kapuloan Pasifik kang ngganggo basa kang bédha-bédha. Wong-wong iki digawa ing kebon-kebon ing tlatah Queensland lan pulo-pulo liyané. Saka kono, para bau iki ngembangaké basa pijin kanggo sesambungan, lan njupuk tembung-tembungé mligané saka basa Inggris. Kajaba Inggris, uga njupuk saka
Basa Jérman
Basa Melayu
Basa Portugis
lan basane dhéwé kang kalebu
Basa-basa Austronésia
kaya ta
Basa Kuanua
kang dipituturaké Wong Tolai ing East New Britain.
Pijin dhedhasar Inggris iki dadi Tok Pisin ing sisih Papua Nugini Jérman kang nganggo
Basa Unserdeutsch
, basa kréol dhedhasar
Basa Jérman
. Basa iki didhadékaké basa lingua franca
–lan basa sesambungan padinan antaraning nayaka karo wargané, lan antaraning wong kang bédha basané. Tok Pisin lan sadhulurané
Basa Bislama
ing
Vanuatu
lan
Basa Pijin
ing
Kapuloan Solomon
dianggep rata dadi dhialèk Basa Inggris Pijin Melanesia utara Basa ‘’Neo Melanesia’’.
Dikara Resmi
besut
besut sumber
Bebarengan karo
Basa Inggris
lan
Hiri Motu
, Basa Tok Pisin dadi salah sawijining basa resmi ing
Papua Nugini
. Basa iki dipituturaké ing dhébat-dhébatan
national parliament
. Seseratan pamaréntah akèh ditulis ing basa Inggris, nanging kaya kampanye, utawa wara-wara umum racaké nganggo Tok Pisin, sebagén utawa kabèh. Sanajan basa sesambungan ing pangajaran dipituturaké ing Basa Inggris, ana sekolah-sekolah kang nganggo Basa Tok Pisin mligané nganti kelas telu SD kanggo ngembangaké kapinteran maca tulis saka pramila.
Rujukan
besut
besut sumber
E.g.
Nupela Testamen bilong Bikpela Jisas Kraist
, 1969.
The published court reports of Papua New Guinea refer to Tok Pisin as "Pidgin": see for example
Schubert v The State
[1979] PNGLR 66.
Dijupuk saka "
Kategori
Halaman dengan label Wikidata belum diterjemahkan
Infobox mapframe without OSM relation ID on Wikidata
Halaman yang menggunakan ekstensi Kartographer
Kategori ndhelik:
Artikel Wiki Mrebawani II kalamangsa 1
Tok Pisin
Tambah rembug